Sunday, October 26, 2025
  • HOME
  • YOGYAKARTA
    • Kota Yogyakarta
    • Bantul
    • Sleman
    • Gunungkidul
  • SEMARANG RAYA
    • Kota Semarang
    • Kab. Semarang
    • Kendal
      • Demak
  • MURIA RAYA
    • Kudus
    • Jepara
    • Pati
    • Rembang
  • PEMALANG RAYA
    • Pemalang
    • Kota Pekalongan
    • Kab. Pekalongan
    • Batang
  • BANYUMAS RAYA
    • Banyumas
    • Purbalingga
  • RELIGI
  • WISATA
  • KULINER
  • FIGUR
No Result
View All Result
Joglo News
  • HOME
  • YOGYAKARTA
    • Kota Yogyakarta
    • Bantul
    • Sleman
    • Gunungkidul
  • SEMARANG RAYA
    • Kota Semarang
    • Kab. Semarang
    • Kendal
      • Demak
  • MURIA RAYA
    • Kudus
    • Jepara
    • Pati
    • Rembang
  • PEMALANG RAYA
    • Pemalang
    • Kota Pekalongan
    • Kab. Pekalongan
    • Batang
  • BANYUMAS RAYA
    • Banyumas
    • Purbalingga
  • RELIGI
  • WISATA
  • KULINER
  • FIGUR
No Result
View All Result
Joglo News
No Result
View All Result
  • HOME
  • YOGYAKARTA
  • SEMARANG RAYA
  • MURIA RAYA
  • PEMALANG RAYA
  • BANYUMAS RAYA
  • RELIGI
  • WISATA
  • KULINER
  • HIBURAN
  • FIGUR
Home YOGYAKARTA Sleman

Bupati Harda Beri Sambutan di Malam Tirakatan Hari Jadi Ke-109 Kabupaten Sleman 2025

RedaksibyRedaksi
15/05/2025
0
Ini Langkah Bupati Harda Terkait Jabatan Kosong Eselon II

SATSET: Bupati Sleman Harda Kiswaya saat ditemui di Pendopo Parasamya Setda Pemkab Sleman beberapa waktu lalu. (Dwi Agus/Joglo News).

Share on FacebookShare on Twitter

Berikut isi pidato Bupati Harda Kiswaya di Malam Tirakatan Hari Jadi Ke-109 Kabupaten Sleman 2025:

Gumolong Hanggayuh Mukti

Puji syukur konjuk dumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih, ingkang tansah paring kawilujengan, katentreman lan kabagas-warasan dhumateng kula lan panjenengan sedaya.

Wusana ndayani kula lan panjenengan saged rawuh lan silaturahmi wonten ing adicara Tirakatan Pengetan Dinten Ridumadosipun Kaping Satus Sanga Kabupaten Sleman ing ndalu menika.

Ing wekdal meniko kulo  ngaturaken agunging panuwun dhumateng sedaya panitia ingkang sampun mbudidaya amrih reroncening adicara Pengetan Dinten Ridumadosipun Kaping Satus Sanga Kabupaten Sleman menika saged lumampah kanthi regeng lan sae.

Tirakatan ing ndalu menika mboten namung adicara tradisi ingkang dipun wontenaken saben pengetan ridumadosipun Kabupaten Sleman, namung dados srana kagem kula panjenengan sami ngaturaken panuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Welas Asih ingkang sampun paring kanugrahan ingkang awujud rezeki ingkang mbanyu mili, kaslametan, lan rahmat dhateng kita sedaya.

Kanthi tirakatan menika kula lan panjenengan sedaya dipun ajab tansah emut dhumateng sangkan paraning dumadi, inggih menika Gusti Allah ingkang Maha Agung.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan.

Tirakatan ingkang kita tindakaken wonten ing dalu punika, sanadyan prasaja, nanging ngemu suraos lan pitutur ingkang lebet.

Injih menika minangka wujud rasa syukur dhumateng Pangeran Ingkang Maha Kuwaos, awwit paringipun berkah satemah Kabupaten Sleman ing titiwanci menika ngancik yuswa ingkang kaping satus sanga.

Pramila saking menika, ing adicara tirakatan menika, kula lan panjenengan caos atur donga pamuji dhumateng Gusti kagem para leluhur kita ingkang sampun berjuang kagem kemajenganipun Kabupaten Sleman.

Lampah tirakat menika ugi dados srana  nglelimbang dateng diri pribadi kita sedaya satemah saged dados pribadi ingkang langkung sae, makarya kanthi greget, disiplin, jujur lan sae.

Ing pengetan kaping satus sanga ridumadosipun Kabupaten Sleman menika, kula ugi nggadhahi pangajab bilih sedaya pangarsaning praja saha sedaya masyarakat Sleman saget nyawiji, golong gilig, lan guyub rukun, makarya kanthi semangat gotong royong mujudaken Sleman ingkang majeng, adil, makmur, lestantun dan berkeadaban.

Menika jumbuh kaliyan irahirahan ing pengetan kaping satus sanga ridumadosipun Kabupaten Sleman warsa kalih ewu selangkung inggih  menika “Gumolong Hanggayuh Mukti”.

Irah-irahan menika nggadhahi teges bilih sedaya punggawa paprentahan ing Kabupaten Sleman lan warga Sleman kedah mboten kendhat anggenipun makarya nggayuh gesang ingkang langkung sae ing wekdal sak mangke.

Pramila kula lan panjenengan sedaya sumangga sami makaryo kanthi greget ingkang makantar-kantar kangge gesang lan panggesangan kita ingkang langkung sae, ugi kagem Kabupaten Sleman, bangsa lan nagari kita Indonesia.

Mekaten ingkang saged kula aturaken ing wekdal Menika. Ing wasana mugi Gusti Ingkang Maha Asih tansah paring sih nugraha ingkang ndayani katentreman lan karaharjaning Kabupaten Sleman.

Maturnuwun.
Dirgahayu Kabupaten Sleman.

Tags: Bupatiharda kiswayahari jadisambutansleman
ShareTweetSend
Redaksi

Redaksi

Related Posts

Program MBG di Gunungkidul Serap 1.000+ Tenaga Kerja, Target Tembus 2.700 Orang!
Sleman

Progres Tol Yogyakarta–Bawen Capai 83 Persen, Siap Beroperasi 2026

25/10/2025
Bangun Karakter Pelajar, 165 Sekolah Bertanding di Lomba Baris-Berbaris Mandalakrida
Sleman

Puluhan Siswa di Mlati Sleman Alami Gejala Keracunan, Sampel MBG Diperiksa!

25/10/2025
Lagi! Tiga Sekolah di Mlati Alami Kasus Keracunan MBG, Puluhan Siswa Dapat Perawatan
Sleman

Dua Peserta Diklatsar LRB PWM DIY Dievakuasi dari Jalur Labuhan Merapi, Tim SAR Berjuang di Medan Berat

24/10/2025
Lagi! Tiga Sekolah di Mlati Alami Kasus Keracunan MBG, Puluhan Siswa Dapat Perawatan
Sleman

Lagi! Tiga Sekolah di Mlati Alami Kasus Keracunan MBG, Puluhan Siswa Dapat Perawatan

24/10/2025
Ekspo Karya Pemuda, Wadah Wirausahawan Muda Yogya Tampilkan Produk Unggulan di Mal
Sleman

Polresta Sleman Ringkus Komplotan Spesialis Pencurian Sekolah, Sita 31 Proyektor!

24/10/2025
Ekspo Karya Pemuda, Wadah Wirausahawan Muda Yogya Tampilkan Produk Unggulan di Mal
Sleman

113 Warga Terdampak Proyek Jalan Prambanan–Lemahbang Terima Sertifikat Tanah

24/10/2025
Next Post
Pemkab Sleman Gelar Doa Syukur Lintas Agama, Wujud Harmoni di Hari Jadi ke-109

Pemkab Sleman Gelar Doa Syukur Lintas Agama, Wujud Harmoni di Hari Jadi ke-109

Sultan HB X Tekankan Pembangunan Berakar Kebudayaan

Sultan HB X Tekankan Pembangunan Berakar Kebudayaan

Leave a Reply Cancel reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Recommended Stories

Tak Pandang Bulu, 27 Pedagang Street Coffe Depan Masjid Syuhada Yogyakarta Ditertibkan

Tak Pandang Bulu, 27 Pedagang Street Coffe Depan Masjid Syuhada Yogyakarta Ditertibkan

25/03/2025
MTs Negeri 9 Bantul Ajak Wali Murid Bijak Menghadapi Era Digital

MTs Negeri 9 Bantul Ajak Wali Murid Bijak Menghadapi Era Digital

12/12/2024
Objek Wisata di Banyumas Bersiap Sambut Wisatawan saat Libur Akhir Tahun

Objek Wisata di Banyumas Bersiap Sambut Wisatawan saat Libur Akhir Tahun

03/12/2024

Popular Stories

  • Ini Dia Penyebab Kebakaran Hebat Tempat Penitipan Motor di Jekulo, Kudus, Kerugian Capai Rp 430 juta!

    Ini Dia Penyebab Kebakaran Hebat Tempat Penitipan Motor di Jekulo, Kudus, Kerugian Capai Rp 430 juta!

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Ini Perbedaan Bahasa Gaul MK dan POV yang Sering Muncul di Konten Sosmed

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • HEBOH Ayah di Jaken Pati Cabuli Anak Tiri yang Masih SMP, Pelaku Diamuk Massa!

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Ganti Rugi Tol Yogya -Solo-YIA Cair, Segini Harga Tertinggi!

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
  • Sedang Viral! Ini Resep Es Teler Creamy Spesial yang Bisa Kamu Coba

    0 shares
    Share 0 Tweet 0
Joglo News

©2024 Joglonews.com. All right reserved

Portal Berita Harian Terbaru

  • Redaksi
  • Contact Person
  • Pedoman Media Siber

Follow Us

No Result
View All Result
  • HOME
  • YOGYAKARTA
    • Kota Yogyakarta
    • Bantul
    • Sleman
    • Gunungkidul
  • SEMARANG RAYA
    • Kota Semarang
    • Kab. Semarang
    • Kendal
      • Demak
  • MURIA RAYA
    • Kudus
    • Jepara
    • Pati
    • Rembang
  • PEMALANG RAYA
    • Pemalang
    • Kota Pekalongan
    • Kab. Pekalongan
    • Batang
  • BANYUMAS RAYA
    • Banyumas
    • Purbalingga
  • RELIGI
  • WISATA
  • KULINER
  • FIGUR

©2024 Joglonews.com. All right reserved

Welcome Back!

Login to your account below

Forgotten Password?

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In